Senin, 17 Februari 2020

SESORAH ( PIDATO )


Sesorah (pidato) yaiku micara/matur/nglairake gagasan sarana lisan ing sangarepe wong akeh kanthi ancas tinamtu. 

 A.JENIS JENIS SESORAH

1.Sesorah miturut ancase (tujuan) :
Menehi informasi / pemanggih. 
Menehi panglipur.
 Kanggo pangajak-ajak.

2. Miturut kahanane sesorah :
# Sesorah resmi
# Sesorah setengah resmi.
# Sesorah ora resmi.

3. Miturut pendekatan isine sesorah :
Sesorah intelektual.
Sesorah moral.
*  Kerangka Sesorah
1.      Salam pambuka
2.      Purwaka (pambuka)
Atur pakurmatan (marang wong sing rawuh)
 Atur puji syukur
Atur panuwun
3.      Isi (surasa)
4.      Dudutan / wigati / ringkesan
5.      Pengarep-arep
6.      Panutup (wusana)
7.      Salam panutup

B. ANCASING SESORAH 

1)     Atur Pambagyo, yaiku sesorah kanggo nampa rawuhe tamu kang ana ing acara apa wae kayata acara syukuran,supitan,tanggap warsa(ulang tahun),pengantenan.

2)     Atur kabar/paring informasi,yaiku sesorah kang aweh kabar/informasi,umpamane acara rapat organisasi,promosi barang.

3)     Atur pangajak,yaiku sesorah kang ancase supaya sing mirengaken percaya banjur ketarik atine lan gelem nindakake apa kang diwedharake dening sing sesorah,umpamane sesorah ing papan ibadah.

4)     Panglipur, yaiku sesorah kang aweh panglipur utawa nggedhekake atine marang para sutresna sing lagi nandhang susah,umpamane sesorah ing sangarepe para kadang kang lagi nandhang pancobaning urip arupa musibah bencana alam,kepaten lan liya liyane.

5)     Atur panyarue/ngemutake, nelakake panemu kanthi dhasar-dhasar kang ganep tumrap sawenehing ada ada,contone tontonan lumatar tv,panggoning hp lah internet kang kurang becik tumraping bocah sekolah.
*Bab wigati nalika lagi sesorah
1. Basa
2. Busana
3. Solah bawa 
4. Swara



Sumber : jv.m.wikipedia
               : kampoengilmu

1 komentar:

SESORAH ( PIDATO )

Sesorah (pidato) yaiku micara/matur/nglairake gagasan sarana lisan ing sangarepe wong akeh kanthi ancas tinamtu.    A.JENIS JENIS S...