Selasa, 14 Januari 2020

SERAT TRIPAMA PUPUH DHANDHANGGULA



Serat tripama iku anggitane Sri Mangkunegara IV kanjeng Gusti pangeran Adipati Arya (KGPAA) Mangku-negara IV.
Tembung serat tegese tulisan Utawa karya, tripama tegese tiga tamsil Utawa tiga teladan.
Serat tripama nyaritakake watake :


1. Kumbakarna, raseksa awatak satria sing 
    Ora gelem mbela kang Mase, Dasamuka, 
    Raja Ngalengka sing Angkara murka.
    Kumbakarna netepi 'tekad satria' 
    Ngurbanake jiwa raga kanggo mbela 
    Negara-negara sing di serang mungsuh.

2. Bambang Sumantri Utawa Patih   
    Suwanda ing negara Maespati sing 
    kondang kakendelane lan bisa
    ngampugake jejibahan sing about kanthi
    tanggung jawab.

3. Suryaputera Utawa karna ing Ngawangga
    sing netepi janji kanthi sumpah satria
    kanggo mbales Budi prabu kurupati, raja
    ing Astina kanthi ngurbanake jiwa
    mungkin Arjuna, adhine nunggul ibu.

Watake arupa ing tembang macapat kang ajupuk saka crita paweyangan Ramayana lan Mahabharata.

A.  Maca lan lan nanggepi teks serat tripama Pupuh dhandhanggula lan nitik guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan


Dhandhanggula

Yogyanira kang para prajurit,
Lamun bisa samya anuladha,
Kadya nguni caritane,
Andelira sang prabu,
Sasrabau ing Maespati,
Aran Patih Suwanda,
Lalabuhanipun,
Kang ginelung tri tri prakara,
Guna kaya purin ingkang denantepi,
Nuhoni trah utama.


 ✓ serat dhandhanggula ing tripama
     cacahe Ono 17 bait .

 ✓ Guru Gatra yaiku wewaton cacahe larik
     Saben Sapada. Guru gatrane saben
     Sapada tembang Dhandhanggula ana 10.

✓ Guru lagu yaiku wewaton dhong-dhinge
    swara Utawa sukon-wulone swara saben
    Pungkasane Gatra. Guru lagune tembang
    Dhandhanggula yaiku i,a,e,u,ia,u,a,i,a.

✓ Guru wilangan yaiku wewaton cacahe
    Wanda (suku kata) saben sagatra (larik).
    Dadi guru wilanganne tembang
    Dhandhanggula yaiku 10,10,8,7,9,7,6,8,12
    7,

✓ Guru wilangan lan guru lagune biasane
    Ditulis : 10i,10a,8e,7u,9i,7a,6u,8a,12i,7a.

B. Nemokake tuntunan ing serat tripama Pupuh dhandhanggula lan njubuhake Karo kahanane bebrayan.

    Pada iku mung salah siji kang Sako 7 pada ing Pupuh Dhandhanggula serat tripama.saka pada kang wus dijarwakake dadi basa Indonesia mau bisa di temmokake tuntunan ing Urip, upamane :

✓ prajurit muladhani Patih Suwanda.

✓ watak sing kudu diduweni prajurit yaiku
    Pinter, wani, lan supaya Utawa (apik).

C. Mbedhah perangane serat tripama Pupuh Dhandhanggula

    Kaya kang diandharake ing nduwur, tembang Dhandhanggula iku dibangun saka larikan-larikan kang diarani guru Gatra cacahe sepuluh Gatra. Gatra deposan, Gatra kapindho, lan sapiturute kabeh ana aturane.


Mung cekap sakmenthen menawi wonthen lepat pangapunten Mugi manfaat 😎


Sumber :
 Gegaran nyinau basa Jawa 3 KELAS XII SMA/SMK/Ma






Senin, 13 Januari 2020

GAMELAN JAWA

  Gamelan iku mujudake piranti musik Jawa padatan kanggo pengiring tembang. tumrap wong Urip,gamelan kena kanggo niteni wewatekane manungsa.karepe, bisa kanggo nodhi Utawa nguji kapiye rasa-pangrasane manungsa mau nalika ngrasakake swarane gamelan. Gamelan iga bisa diarani gangsa yaiku tetabuhan musik Jawa kang ricikane akeh kanggo ngiring lagu-lagu Utawa tembang-tembang Jawa kang umume diarani gendhing.

 Gamelan (bahasa Jawaꦒgaꦩꦼmêꦭꦤ꧀lantranslit. gamêlanhar. 'tabuhan')[1] iku musik ansambel tradisional JawaSunda, lan Bali ing Indonesia kang nduweni tangga nada pentatonis kang Ono sistem tangga nada (laras) slendro dan pelog.

   Ricikane Utawa jeneng-jenenge gamelan iku udarane ana 15 werna,kayata: Bonang penerus,Bonang Barung,kempul lan gong,kenong,slenthem,gender penerus,gender Barung,demung,saron penerus,saron Barung (1),saron Barung (2),Gambang,kethuk lan kempyang,rebab,serta kendhang.


gamelan orak Amung Ono ing tanah Jawa ,Ten Bali wonten gamelan anangeg bedo Ono .ingin perkakase lan segi Maine ,biasane gamelan Jawa diagem gawe ngiringin tembang tembang Jawa lan gamelan Bali  biasane pas wonthen acara keagamaan.

    Inggih cekap sakmenten mugi-mugi manfaat.  




                                           
Sumber: Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 kelas XII
                




Minggu, 12 Januari 2020

SERAT WEDHATAMA PUPUH PANGKUR


Pangkur iku salah sijiné tembang macapat kang nduwé watak munggah ndhuwur. Menawi badhé nggayuh kaliyan gepok sénggol kaliyan kasaénan, kita kedah saged nyimpangi, lan sampun saged mungkur. Inggih punika nyimpangi bab-bab inkang damel gendra, damel dredhah, mungkuraken kadonyan. Upama piwulang, iku piwulang kang dhuwur. Upama tresna, iku tresna kang pinunjul. Seka tetembangan iki banjur akèh manéka warna tembang lan gegendhingan kang nganggo jeneng pangkur, antara liya: pangkur jenggleng, pangkur palaran, pangkur lombok, lan liya-liyané. (https://jv.wikipedia.org/wiki/Pangkur)



A. Paugerane Tembang Pangkur 

➥ Guru gatrane ana 7

Tegese saben pada (bait) dumadi saka 7 gatra (baris).

➥ Guru wilangane 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8

Tegese Gatra kapisan dumadi saka wolung wanda (suku kata), gatra kapindho suwelas wanda, gatra ketelu wolung wondo, gatra kaping papat pitung wondo, gatra kaping lima rolas wondo, gatra kaping nem wolung wondo, lan gatra kaping pitu wolung wanda.

➥ Guru lagune yaiku a, i, u, a, u, a, i,

Tegese guru lagu yaiku tibaning swara ana ing pungkasaning gatra. Gatra kapisan kudu dipungkasi nganggo tembung kang ndhuweni swara pungkasan (A). Gatra kapindho dipungkasi swara (I), gatra kaping telu dipungkasi swara (U), gatra kaping papat dipungkasi swara (A), gatra kaping lima dipungkasi swara (U), gatra kaping nem dipungkasi swara (A), lan gatra kaping pitu dipungkasi swara (I)

B. TULADHA TEMBANG PANGKUR

 TULADHA 1

Lingkar-mingkuring Angkara
Akarana karenan Mardi SIWI,
Sinawung resmining kidung 
Sinuba sinukarta
Mrih kretarta pakartining
Ilmu luhung 
Kang tumrap ing tanah Jawa
Agama ageming aji 


Arti :
Meredam nafsu angkara dalam diri,
Hendak berkenan mendidik putra-putri
Tersirat dalam indahnya tembang,
dihias penuh variasi,
agar menjiwai hakekat ilmu luhur,
yang berlangsung di tanah Jawa (Nusantara)
agama sebagai “pakaian” kehidupan.


 TULADHA 2


Nggugu karsaning priyangga,
Nora nganggo peparah lamun angling,
Lumuh ing ngaran balilu,
Uger guru aleman,
Nanging janma ingkang wus waspadeng semu
Sinamun ing samudana,
Sesadon ingadu manis

Arti :
Mengikuti kemauan sendiri,
Bila berkata tanpa dipertimbangkan (asal bunyi),
Namun tak mau dianggap bodoh,
Selalu berharap dipuji-puji
(sebaliknya) Ciri orang yang sudah memahami (ilmu sejati) tak bisa ditebak
berwatak rendah hati, selalu berprasangka baik.


 TULADHA 3


Si pengung nora nglegawa,
Sangsayarda deniro cacariwis,
Ngandhar-andhar angendhukur,
Kandhane nora kaprah,
saya elok alangka longkanganipun,
Si wasis waskitha ngalah,
Ngalingi marang si pingging.

Arti :
(sementara) Si dungu tidak menyadari,
Bualannya semakin menjadi jadi,
ngelantur bicara yang tidak-tidak,
Bicaranya tidak masuk akal,
makin aneh tak ada jedanya.
Lain halnya,
Si Pandai cermat dan mengalah,
Menutupi aib si bodoh.


 TULADHA 4

Mangkono ngelmu kang nyata,

Sanyatane mung weh reseping ati,
Bungah ingaran cubluk,
Sukeng tyas yen denina,
Nora kaya si punggung anggung gumrunggung
Ugungan sadina dina
Aja mangkono wong urip.


Arti :

Demikianlah ilmu yang nyata,
Senyatanya memberikan ketentraman hati,
Tidak merana katakan bodoh,
Tetap gembira jika dihina
Tidak seperti si dungu yang selalu sombong
Ingin dipuji setiap hari
Janganlah begitu caranya orang hidup.


 TULADHA 5


Urip sepisan rusak,
Nora mulur nalare ting saluwir,
Kadi ta guwa kang sirung,
Sinerang ing maruta,
Gumarenggeng anggereng
Anggung gumrunggung,
Pindha padhane si mudha,
Prandene paksa kumaki

Arti :
Hidup sekali saja berantakan
Tidak berkembang, pola pikirnya carut marut.
Umpama goa gelap menyeramkan,
Dihembus angin,
Suaranya gemuruh menggeram,
berdengung
Seperti halnya watak anak muda
masih pula berlagak congkak


Sumber :
Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 kelas XII
 (https://jv.wikipedia.org/wiki/Pangkur)
https://www.synaoo.com/serat-wedhatama-pupuh-pangkur/








SESORAH ( PIDATO )

Sesorah (pidato) yaiku micara/matur/nglairake gagasan sarana lisan ing sangarepe wong akeh kanthi ancas tinamtu.    A.JENIS JENIS S...