Pangkur iku salah sijiné tembang macapat kang nduwé watak munggah ndhuwur. Menawi badhé nggayuh kaliyan gepok sénggol kaliyan kasaénan, kita kedah saged nyimpangi, lan sampun saged mungkur. Inggih punika nyimpangi bab-bab inkang damel gendra, damel dredhah, mungkuraken kadonyan. Upama piwulang, iku piwulang kang dhuwur. Upama tresna, iku tresna kang pinunjul. Seka tetembangan iki banjur akèh manéka warna tembang lan gegendhingan kang nganggo jeneng pangkur, antara liya: pangkur jenggleng, pangkur palaran, pangkur lombok, lan liya-liyané. (https://jv.wikipedia.org/wiki/Pangkur)
A. Paugerane Tembang Pangkur
➥ Guru gatrane ana 7
Tegese saben pada (bait) dumadi saka 7 gatra (baris).
➥ Guru wilangane 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8
Tegese Gatra kapisan dumadi saka wolung wanda (suku kata), gatra kapindho suwelas wanda, gatra ketelu wolung wondo, gatra kaping papat pitung wondo, gatra kaping lima rolas wondo, gatra kaping nem wolung wondo, lan gatra kaping pitu wolung wanda.
➥ Guru lagune yaiku a, i, u, a, u, a, i,
Tegese guru lagu yaiku tibaning swara ana ing pungkasaning gatra. Gatra kapisan kudu dipungkasi nganggo tembung kang ndhuweni swara pungkasan (A). Gatra kapindho dipungkasi swara (I), gatra kaping telu dipungkasi swara (U), gatra kaping papat dipungkasi swara (A), gatra kaping lima dipungkasi swara (U), gatra kaping nem dipungkasi swara (A), lan gatra kaping pitu dipungkasi swara (I)
B. TULADHA TEMBANG PANGKUR
TULADHA 1
Lingkar-mingkuring Angkara
Akarana karenan Mardi SIWI,
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih kretarta pakartining
Ilmu luhung
Kang tumrap ing tanah Jawa
Agama ageming aji
Arti :
Meredam nafsu angkara dalam diri,
Hendak berkenan mendidik putra-putri
Tersirat dalam indahnya tembang,
dihias penuh variasi,
agar menjiwai hakekat ilmu luhur,
yang berlangsung di tanah Jawa (Nusantara)
agama sebagai “pakaian” kehidupan.
Meredam nafsu angkara dalam diri,
Hendak berkenan mendidik putra-putri
Tersirat dalam indahnya tembang,
dihias penuh variasi,
agar menjiwai hakekat ilmu luhur,
yang berlangsung di tanah Jawa (Nusantara)
agama sebagai “pakaian” kehidupan.
TULADHA 2
Nggugu karsaning priyangga,
Nora nganggo peparah lamun angling,
Lumuh ing ngaran balilu,
Uger guru aleman,
Nanging janma ingkang wus waspadeng semu
Sinamun ing samudana,
Sesadon ingadu manis
Arti :
Mengikuti kemauan sendiri,
Bila berkata tanpa dipertimbangkan (asal bunyi),
Namun tak mau dianggap bodoh,
Selalu berharap dipuji-puji
(sebaliknya) Ciri orang yang sudah memahami (ilmu sejati) tak bisa ditebak
berwatak rendah hati, selalu berprasangka baik.
TULADHA 3
Si pengung nora nglegawa,
Sangsayarda deniro cacariwis,
Ngandhar-andhar angendhukur,
Kandhane nora kaprah,
saya elok alangka longkanganipun,
Si wasis waskitha ngalah,
Ngalingi marang si pingging.
Arti :
(sementara) Si dungu tidak menyadari,
Bualannya semakin menjadi jadi,
ngelantur bicara yang tidak-tidak,
Bicaranya tidak masuk akal,
makin aneh tak ada jedanya.
Lain halnya,
Si Pandai cermat dan mengalah,
Menutupi aib si bodoh.
TULADHA 4
Mangkono ngelmu kang nyata,
Sanyatane mung weh reseping ati,
Bungah ingaran cubluk,
Sukeng tyas yen denina,
Nora kaya si punggung anggung gumrunggung
Ugungan sadina dina
Aja mangkono wong urip.
Arti :
Demikianlah ilmu yang nyata,
Senyatanya memberikan ketentraman hati,
Tidak merana katakan bodoh,
Tetap gembira jika dihina
Tidak seperti si dungu yang selalu sombong
Ingin dipuji setiap hari
Janganlah begitu caranya orang hidup.
Senyatanya memberikan ketentraman hati,
Tidak merana katakan bodoh,
Tetap gembira jika dihina
Tidak seperti si dungu yang selalu sombong
Ingin dipuji setiap hari
Janganlah begitu caranya orang hidup.
TULADHA 5
Urip sepisan rusak,
Nora mulur nalare ting saluwir,
Kadi ta guwa kang sirung,
Sinerang ing maruta,
Gumarenggeng anggereng
Anggung gumrunggung,
Pindha padhane si mudha,
Prandene paksa kumaki
Arti :
Hidup sekali saja berantakan
Tidak berkembang, pola pikirnya carut marut.
Umpama goa gelap menyeramkan,
Dihembus angin,
Suaranya gemuruh menggeram,
berdengung
Seperti halnya watak anak muda
masih pula berlagak congkak
Sumber :
Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 kelas XII
(https://jv.wikipedia.org/wiki/Pangkur)
https://www.synaoo.com/serat-wedhatama-pupuh-pangkur/

Top Bingittsss..... Top nya bertubi tubi ..
BalasHapusBagus babget. Suwun
BalasHapus👍👍
BalasHapusWoke woke
HapusKeren
BalasHapusOkeh
BalasHapusLanjutkan
BalasHapusMantapp
BalasHapushttps://aulianadhiroh.blogspot.com/2020/01/teks-dheskripsi-omah-jawa.html?m=1
BalasHapusMohon bantuannya temen² diview tinggal klik, dan kalo bisa tinggalkan jejak dikolom komentar, terimakasi😊
https://aulianadhiroh.blogspot.com/2020/01/teks-dheskripsi-omah-jawa.html?m=1
BalasHapusMohon bantuannya temen² diview tinggal klik, dan kalo bisa tinggalkan jejak dikolom komentar, terimakasi😊